YOGYAKARTA – Sejarah adeging Nagari Ngayogyåkartå Hadiningrat boten saged uwal saking saking lelampahan Pangéran Mangkubumi nalikå ngupadi kaadilan ing bumi Mataram . Prekawis punikå kawiwitan saking pasulayan antawisipun Pangéran Mangkubumi kaliyan Susuhunan Pakubuwånå II sarta pihak V.O.C.
Wosing Perkawis
Wonten sawatara bab ingkang dados jalari punika, antawisipun inggih punikå
-
Gèsèhing rembag ngenani tåtå rakiting séwan siti ing laladan pasisiran
. -
Boten dipunparingaken bebånå (hadiah) sayembårå nalikå Pangéran Mangkubumi kasil numpes kramanipun Tumenggung Martåpurå ing Sukåwati
. -
Wontenipun cawé-cawé utawi campur tangan V.O.C. ing njeroning urusan karaton Mataram
.
Amargi kawontenan punikå, ing warså 1746 Pangéran Mangkubumi milih jengkar saking karaton kanggé nindakaken perlawanan dhumateng Sunan Pakubuwånå II lan V.O.C.

Prajanjan Giyanti lan Jatisari
Amargi tansåyå kalindhih dening wadyå bålå Kabanaran, pihak V.O.C. lan Sunan Pakubuwånå III pungkasanipun kerså ngadani bedhamèn utawi perdamaian
Kalih dinten sasampunipun, inggih punikå 15 Fèbruwari 1755, dipunadani malih parepatan ing Jatisari kanggé nemtokaken tapal wates nagari sarta watesing kabudayan antawisipun Surakarta lan Ngayogyakarta
Lairipun Nagari Ngayogyåkartå
Sri Sultan Hamengku Buwånå I lajeng mratelakaken kepyakan adeging Nagari Ngayogyåkartå Hadiningrat ing dinten Kemis Pon, 13 Maret 1755
Kanthi dhasar sujarah kasebat, saben suryå kaping 13 Maret dipunpèngeti minångkå dinten pèngetan adeging Daerah Istimewa Yogyakarta


